Popular Posts

Blogger templates

Blogger news

Blogroll

About

Blog Archive

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.

Klepon

Nama Anggota    :    Adinda Dwi Wulandari      (02)                                  Desmario Puerto              (13)              ...

Kamis, 04 Mei 2017

Nama Anggota    :    Adinda Dwi Wulandari      (02)
                                 Desmario Puerto              (13)
                                 Erika Yuliana                    (15)
                                 Satriyo Hafid Buono         (33)
                                 Wahyu Agung Pratama    (36)

Kelas                   :   X.MIPA 3
     
KLEPON
                           


            Klepon yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa, kang digawe saka glepung beras ketan lan diisi gula jawa. Klepon biasane mung ana rong warna yaiku ijo lan putih. Klepon iku wujude padat lan bentuke bunder. Yen anggone mangan nganggo srundeng utawa klapa diparut. Klepon uga mlebu jajanan tradisional pasar.

Klepon biayasane diwadhai nganggo godhong gedhang. Klepon duweni rasa manis legit amarga ing jerone diisi gula jawa. Yen klepon iku dipangan, gula sing ana ing jerone bakalan meler.

Cara gawe klepon ora angel, lan bahane gampang ditemokake ana ing sekitare dhewe. Bahan bahan sing dibutuhke kanggo gawe klepon ora liya yaiku :
·       1) 250 gram glepung beras ketan
      2) 50 gram glepung beras putih
·       3) Perasa pandan secukupe
·       4) 1 sendok teh uyah
·       5) 1 butir klapa
·       6) Gula jawa secukupe
·       7) 1 liter banyu

Lan cara gawene gampang, yaiku :
     1) Campur glepung berasa ketan lan glepung beras putih, banyu, uyah lan pasta pandan.   
     2) Banjur adonan mau diaduk ben nganti kalis.       
     3) Sisir gula jawa ben nganti alus.
     4) Adonan mau banjur digawe bunder bunder, digepengake, diisi gula jawa sing wis disisir       lan dibunder bunder maneh.
     5) Sawise rampung digawe bunder bunder, banjur digodhog nganggo banyu kang wis umeb nganti adonan iku mumbul mendhuwur.
     6) Yen adonan wis mumbul, banjur dientas.
   7) Carane nyajikake yaiku adonan kang wis mateng diwadhai lan ditata ing piring, banjur diwenehi parutan klapa utawa srundeng.
     8)  Klepon siap didhahar.






Ing jaman saiki jajanan klepon wis jarang ditemokake ana ing sekitar dhewe terutama ing daerah kota. Amarga saikine wis akeh jajanan luar sing mlebu ing Indonesia sing luwih modern ketimbang klepon. Lan masyarakat umume luwih milih jajanan luar ketimbang jajanan klepon sing asli saka Indonesia lan luwih sehat tanpa pengawet. Mula kita sebagai generasi penerus bangsa kudune bangga lan ngelestarike jajanan asli Indonesia iki supaya anak cucu kita mbesuk bisa ngerti lan ngrasake jajanan klepon.